Bab
GEGURITAN
Ringkesan
Geguritan
Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncen
tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude
wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern.
Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging
uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan,lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan.
Unsur - unsur intrinsik
Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
- Tema
- Bahasa kang endah
- Judul Geguritan
- Diksi
- Citra
- Purwakanthi
- Amanat kang ono ing jero ne geguritan
Jenis - jenis ing Geguritan
Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :
- Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
- Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
- Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yen cakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karo geguritan? Tuladhane tembang dolanan lan tembang campursari kaya ing ngisor iki.
Tuladha tembang dolanan:
SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang solo
leh-olehe payung motha
mak jenthit lololobah
uwong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit
Kangen Simbok
Mbok...
Dakpandeng-pandeng awakmu katon ayu
Ora ngira yen yuswamu rong pindhaku
Pasuryanmu tansah ngademake atiku
Dakpandeng-pandeng awakmu katon ayu
Ora ngira yen yuswamu rong pindhaku
Pasuryanmu tansah ngademake atiku
Mbok...Simbok...
Dakbatin-batin awakmu kekes tenan
Ora ngira yen wis setengah abad
Uripmu lumaku
Dakbatin-batin awakmu kekes tenan
Ora ngira yen wis setengah abad
Uripmu lumaku
Mbok...Simbok...
Tirakat, luh, lan waspamu mung kanggoku
Samubarang kokterjang
Gur supaya anakmu bisa mulya
Tirakat, luh, lan waspamu mung kanggoku
Samubarang kokterjang
Gur supaya anakmu bisa mulya
Mbok..Simbok...
Mboh kapan awak iki nggawe mulya
Saben dina gur tatu sing dakwehana
Mboh kapan awak iki nggawe mulya
Saben dina gur tatu sing dakwehana
Mbok...
Pangapuramu kaya samudra
Sungkemku ora bakal ngilangake sayahmu
Pangapuramu kaya samudra
Sungkemku ora bakal ngilangake sayahmu
Ambaning jumantara iki saksi mbok,
Manawa awak iki ora bisa aweh kabegjan uripmu
Awak iki lila yen sliramu duka
Manawa awak iki ora bisa aweh kabegjan uripmu
Awak iki lila yen sliramu duka
Panyuwunku marang Gusti
Sliramu tansah gedhe ing kabegjan
Sliramu tansah wilujeng lan rahayu
Sliramu tansah gedhe ing kabegjan
Sliramu tansah wilujeng lan rahayu
Vokal/Swarane
Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab ing ngisor iki :
1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane.
3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing
pengin diwedharake.
4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi
kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik,
swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
7. andhegan : andhegan = jeda (Bahasa Indonesia), yaiku pedhotane tembung lan
ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.
8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).
Maturnuwun:)
- https://www.sinaujawa.com/2015/02/simbok.html
- http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1

Sangat membantu
BalasHapusSaya suka blog ini karena mudah dipahami
BalasHapusMantapmantap
BalasHapusNcen ngenten
BalasHapusSaya suka lirik Sluku Sluku batik versi solawat bro semoga bermanfaat
BalasHapus👍👍
BalasHapusNice
BalasHapusGood job👍
BalasHapusWawasanku luas
BalasHapuslanjutkan
BalasHapusSemoga tersemogakan
BalasHapus