Jumat, 17 Januari 2020

Bab Omah Jawa

Omah Jawa

Omah Joglo





      Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakaké minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa . Biasane, omah  joglo mung diduweni wong kang duwe banda akih. Amerga omah joglo butuhake material kang akih lan larang regane. Omah joglo uga butuhake lahan kang amba amerga ana bagian kang digunaake nampa tamu kang akih.  Nanging Ing jaman saiki wis arang banget ditemokaké omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki.

    Omah iki duweni keunikan yaiku payone kang dhuwur lan duweni soko wangun papat soko kang utama kang nyangga bangunan lan tumpang sari kang wujud susunan balok kang disangga soko guru. Ciri khas liane yaiku duweni payon kang dhuwur kaya gunung.

    Ruangan ing omah joglo biasane dibagi dadi telu bagian. Bagian kaping siji yaiku ruangan kanggo patemon kang kasebut pendhopo. Bagian kapindo yaiku ruang tengah utawa ruang kanggo nanggap wayang kulit, kasebut pringgitan. Bagian kaping telu yaiku ndalem utawa omah jero, kanggo ruang keluarga. Ing jero rungan iki ana telu senthong, yaitu senthong kiri, senthong tengah, lan senthong kanan.

    Pendhopo duweni fungsi kanggo namppa tamu. Struktur bangunan pendhopo migunaake umpak kanggo alas soko, 4  soko guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 soko pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga  soko guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendopo bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.

    Dalem yaiku pusat ing omah joglo. Fungsi utamane kanggo ruang keluarga. miturut pola tata ruang, dalem duweni prabedan ing duwuring pondasi, saengga membagi ruang dadi 2 area. Ing  pondasi kang luwih dhuwur digunakake panggon mlebu metune udara, ing bagian kang luwih cendhek digunakake ruang keluarga lan senthong.

Sumber :

http://holesciences.blogspot.com/2017/04/deskripsi

Maturnuwun:)

Pitutur Luhur Ing Crita Wayang

Bab

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

      Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

A. Maca lan nanggapi teks wayang


     Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!


Dewi Kunthi

      Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Madura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 92-94)

Shinta Kadhusta

      Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

      Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warangan mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumaludhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 95-96)

B. Nemokake tuntunan ing teks wayang

      Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.

      Dene tuntunan ing teks wayang Shinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.

C. Mbedhah perangane teks wayang

      Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Shinta.

D. Nulis sinopsis wayang

      Urut-urutane nulis sinopsis

  1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
  2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
  3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
  4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
  5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.                                   Maturnuwun


sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Ringkesan Busana Adat Jawa

Bab

                 Busana Adat

Materi Basa Jawa

Busana Jawa




        Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mengapan berada di busana. Mekaten punika abaan-abaan jawa supados priyantun jawa mencepat-penggalih caranya jumbuh merugi-mungel kaliyan ngetrepake busana utawi pakean. Busana kejawen ingkang jangkep pantas sekalinya priyantun kakung dumadon dening wolung werni. Wolung werni punika ginda dening inggil : blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop.

A. Maca Lan Nemokakeisine Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa
     
        Kados ingkang sampun nate dirunding, ingkang sinebut teks dheskripsi punika teks ingkang difungsikan kagem njletrehake samukawis kanthi nerangake katrangan ingkang ketingal. bet kalodhangan menika, samukawis ingkang diniatkan wujude busana adat jawa.
       Kajawi punika ugi kedah saged mengayam kaliyan memberbedakan tembung-tembung ingkang difungsikan, tembung-cariyosipun menoko punapa krama.

B. Nanggapi Pokok-Pokok Isine Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa

Tuladha dheskripsi busana jawa



Busana Adat Jawa
       Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku : blangkon utawa dhestar, beskap utawa atrla, sabuk utawa setagen, kerus, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
     Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangane blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkringan utawa curiga dumadi saka pitung perangane uga. Piting perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja. 


C. Nulis Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa Kanthi Ragam Basa Kontekstual

          Lebet ngajeng wes diterangake menawi teks dheskripsi punika difungsikan kagem njlentrehake samukawis kanthi nerangake ciri-ciri ingkang ketingal. Titikane teks dheskripsi yaiku tatanane wonten katrangan bab ingkang didheskripsekake kaliyan perangan ingkang didheskripsekake, tuladhane kados lebet ngandap menika.

Bab kang didheskripsekake

         Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku : blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, pan selop.

Perangan kang didheskripsekake
        Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe'dhewe. Perangane blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhobg, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.


D. Maca Teks dheskripsi Babagan Busana Jawa Kanthi Nyuwara

        Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditunokake marang wong liya. amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu isa maca kanthi : swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. manawa anggone maca wadul arep karo kang ngrungokake, kajaba perkara telu arep katambah pamulad kang nyumadulur.
       Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedane swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. tempo iku gegayutan karo alon rindhike anggone maca, dene panguntaran iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Maturnuwun:)

Ringkesan Bab Sesorah

Bab

                       SESORAH

Sesorah - Materi Basa Jawa Kelas XI


Sesorah Basa Jawa
Sesorah 



          Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Senajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo ungguh-ungguhe.

 A. Maca Lan Nemokake Struktur Lan Kaidah Teks Sesorah
      tuladha:

                          Sesorah Halalbihalal [1]
 Assalamu'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]

Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbeten. Minal aidzin wal faidzin. [3] 

Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]

Ing kalodhangan menika kaparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halal bihalal" warsa 1437 H menika. [5]

Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapenger, umat islam saindengin Nuswantara samya nindakaken shalat ide. [6]

Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah. [7]

Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangampunten tumrap sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]

Wa assalamu'alaikum warahmatullah wa barakatuhu. [9]

             Saka tuladha ing ringkes teks sesorah ing nduwur, bisa ditemokake ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:
  1. Irah-irahan
  2. Salam pambuka 
  3. Pakurmatan
  4. Purwaka basa utawa pambuka
  5. Wos utawa isine serorah
  6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
  7. Pangarep-arep (pangajab)
  8. Wasana basa utawa panutup 
  9. Salam panutup
Tujuane sesorah :
  1. Kanggo menehi pengerten utawa kawruh
  2. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya
  3. Aweh panglipur
  4. suka pangrimuk (mbujuk) supaya melu apa kang diandharake pamicara
B. Nanggapi Pokok-pokok Isine Teks Sesorah
            Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung sesorah, dene kang ngrungokake ora nduwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi panemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggepi. Khanti mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.


C. Nulis Teks Sesorah Khanti Ragam Basa Padinan
            Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah (yen prelu); pangajeng-ajeng (pangajab); wasana basa utawa panutup; lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basa mu dhewe.

D. Maca Teks Sesorah Khanti Nyuwara
           Maca khanti nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake khanti: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kag pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kaya ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
           Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing bahasa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaaniku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.

E. Metode Kanggo Ngandharake Sesorah Ana Papat
  1.  Metodhe naskah, yaiku metodhe kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca khanti langsung.
  2. Metodhe apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalke. 
  3. Metodhe dadakan utawa spontanitas, yaiku methode kang ditindakake ndandak tanpa nggawe naskah luwih ndisik.
  4. Meodhe ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA 

Maturnuwun:)

Contoh Geguritan Jawa

Bab             

                         GEGURITAN    





  Ringkesan

Geguritan

      Geguritan iku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncen 
tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude 
wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/ modern. 
      Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging 
uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru 
wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan,lan guru lagu. Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan.

Unsur - unsur intrinsik 

Geguritan uga duweni unsur unsur intrinsik kaya puisi lan karya sastra liyane , unsur unsur intrinsik ana ing geguritan inggih punika :
  1. Tema
  2. Bahasa kang endah
  3. Judul Geguritan
  4. Diksi
  5. Citra
  6. Purwakanthi
  7. Amanat kang ono ing jero ne geguritan

Jenis - jenis ing Geguritan

Geguritan miturut kegunaane ono 3 macem , jenis jenise inggih punika :


  1. Jenis Geguritan Ingkang gambarake kondisi utawa peristiwa (deskriptif)
  2. Jenis Geguritan Ingkang nyeritakake kondisi utawa pengalaman (naratif)
  3. Jenis Geguritan Ingkang pasemon utawa duweni isi kritikan utawa sindiran
     Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yen cakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karo geguritan? Tuladhane tembang dolanan lan tembang campursari kaya ing ngisor iki.
Tuladha tembang dolanan:

    SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang solo
leh-olehe payung motha
mak jenthit lololobah
uwong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit

       Kangen Simbok

Mbok...
Dakpandeng-pandeng awakmu katon ayu
Ora ngira yen yuswamu rong pindhaku
Pasuryanmu tansah ngademake atiku
Mbok...Simbok...
Dakbatin-batin awakmu kekes tenan
Ora ngira yen wis setengah abad
Uripmu lumaku
Mbok...Simbok...
Tirakat, luh, lan waspamu mung kanggoku
Samubarang kokterjang
Gur supaya anakmu bisa mulya
Mbok..Simbok...
Mboh kapan awak iki nggawe mulya
Saben dina gur tatu sing dakwehana
Mbok...
Pangapuramu kaya samudra
Sungkemku ora bakal ngilangake sayahmu
Ambaning jumantara iki saksi mbok,
Manawa awak iki ora bisa aweh kabegjan uripmu
Awak iki lila yen sliramu duka
Panyuwunku marang Gusti
Sliramu tansah gedhe ing kabegjan
Sliramu tansah wilujeng lan rahayu

Vokal/Swarane
Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab ing ngisor iki :
1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. 
3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing 
pengin diwedharake.
4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi 
kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, 
swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
7. andhegan : andhegan = jeda (Bahasa Indonesia), yaiku pedhotane tembung lan
ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.

8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut).


Maturnuwun:)

  • https://www.sinaujawa.com/2015/02/simbok.html

  • http://tedobagibagiilmu.blogspot.com/2017/11/geguritan-dalam-bahasa-jawa.html?m=1